Kidung Misuda Dalem

0
316 views
Yesus naik ke surga (Ist)

Pangkur

  • Purna wungu saking séda/
  • Gusti Yésus ngetingal mring pra murid/
  • Tibérias gisikipun/
  • Iku kang sami kempal/
  • Simon Pétrus sartané Thomas Didimus/
  • Natanaèl saking Kana/
  • Zébédéus putranèki//
  • Murid Dalem kalih uga/
  • 2. Pétrus arsa misaya mina malih/
  • Datan kari sanèsipun/
  • Niyaté bebarengan/
  • Kang dumados mina boten saged antuk/
  • Nalikané byar rahina/
  • Gusti jumeneng nèng gisik//
  • Para murid boten pana/
  • Sanalika ngandika Dalem Gusti/
  • Apa sira duwé lawuh/
  • Aturira tan ana/
  • Ndang uncalna jala satengening prahu/
  • Jala dijèrèng dènuncal/
  • Mina tan kaétang yekti//

Dhandhanggula

  • Tinarbuka panduluné murid/
  • Ingkang rawuh Gusti Yésus nyata/
  • Pétrus njupuk sandhangané/
  • Sigra myang tlaga nyemplung/
  • Sanèsipun sami nututi/
  • Tinarik jalanira/
  • Satus seket telu/
  • Kathahipun ulamira/
  • Jala kiyat tetep bakoh kukoh yekti/
  • Premanem para siswa//
  • 2. Datan wonten kang tetanya wani/
  • Gusti rawuh madyèng para siswa/
  • Gya Gusti mundhut rotiné/
  • Tan kantun ulamipun/
  • Kang katelu angetingali/
  • Sawuse wungu-Nira/
  • Madyaning kang surut/
  • Sasampunipun sarapan/
  • Simon Petrus gya kadangu Yésus Gusti/
  • Apa trena mring Ingwang//
  • 3. Luwih gedhé timbang liyanèki/
  • Simon Pétrus atur wangsulannya/
  • Satuhu ageng tresnané/
  • Dhawuh Dalem Sri Yésus/
  • Dadya pangon myang ménda Mami/
  • Mekaten kaping tiga/
  • Pangandikanipun/
  • Sanyata pitutur Ingwang/
  • Nalikané kowé taruna ing nguni/
  • Merdika lakunira//
  • 4.Lamun sira yèn wus tuwa yekti/
  • Tanganira pan bakal kabanda/
  • Ginawa dudu karepé/
  • Mekaten Sabdanipun/
  • Tumrap Pétrus kanggé ing benjing/
  • Mungkasi gesangira/
  • Kala lénanipun/
  • Kagem Kamulyaning Allah/
  • Hamungkasi pangandika Dalem Gusti/
  • Ayo ndhèrèka Ingwang//
  • Kapirit saking Injil Yohanes 21: 1-19
  • Waosan Misa Minggu, 05 Mei 2019
  • Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here