Bausastra Jawa: Parikan Idul Fitri

0
1,687 views
Ilustrasi: Selamat Hari Raya Idul Fitri. (Ist)
1. Menu buka lawuhe ayam,
Masak rendhang bumbu tumbar.
Purna sampun ngibadah siyam,
Gya kumandhang Allahuakbar.
2. Kaping telu arané katri,
Dudu beyong jenengé patin.
Ngaturaken Riyadi Fitri,
Nyuwun aksami lahir lan batin.
3. Saka téla digawé utri,
Gethuk asalé saka téla.
Ngaturaken Riyadi Fitri,
Apuranta lepat kawula.
4. Mubeng kutha nganggo kobutri,
Tukuné nangka kakèhan dami,
Mangayubagya Riyadigung Fitri,
Linebura dosa lepat mami.
5. Bali nyang désa keraya-raya,
Dalan ramé ra ana sing sela.
Ngaturaken Sugeng Riyaya,
Nyuwun aksama lepat kawula.
6. Menyang Jogja nèng Pringgolayan,
Ketemuné Bakda nèng ati lega.
Aja mung nyawang bédaning liyan,
Gusti padha hamung sajuga.
Sor Blimbing,
1 Syawal 1439 H
15 Juni 2018

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here