Keindahan Doa dalam Aksara dan Bahasa Jawa

0
34 views
Teks Doa Bapa Kami dan Salam Maria dalam huruf Jawa. (Anton Suparnjo)

Seratan Jawi teks sembahyang Rama Kawula tuwin Sembah Bekti.

Rama Kawula

Rama kawula ing swarga

Asma Dalem kaluhurna

Kraton Dalem mugi rawuha.

Karsa Dalem kalampahana

wonten ing donya kados ing swarga.

Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika,

sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem,

kados déné anggèn kawula ugi ngapunten dhateng sesami.

Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha

saha linuwarna saking piawon. Amin.

Sembah Bekti

Sembah bekti kawula,

Dèwi Maria, kekasihing Allah.
Pangéran nunggil ing panjenengan dalem.
Sami-sami wanita

Sang Dèwi pinuji piyambak,
saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yésus.
Dèwi Maria, Ibuning Allah,

kawula tiyang dosa

sami nyuwun pangèstu dalem,
samangké tuwin bénjing dumugining pejah.

Amin.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here