Dhandhanggula
1. Sun nyarkara kalodhangan iki/Pinaringan bagas kuwarasan/Tan ana sambékalané/Suwawi muji syokur/Anoraga nèng Ngarsa Gusti/Ingkang sampun rumeksa/Tan pedhot sempulur/Tumanduk mba kang wus yuswa/Pinaringan kadang mitra putu siwi/Kanugrahan Hyang Suksma/
2. Ing sagaduk kula tansah mundhi/Pinaringan jejibahan karya/Murwat lan kekiyatané/Momong anak lan putu/Murih dados janmi utami/Mugi migunanana/Saged mikul dhuwur/Mendhem jero lan piguna/Mring sasama tanapi tumrap agami/Dadi talang nugraha//
3. Yèn wus yuswa badhé tindak pundi/Pindhané curiga manjing rangka/Bali myang asal usulé/Kula cumadhong dhawuh/Titah mothah datan kuwawi/Gusti murba masésa/Arinya tan weruh/Mawantu kang sun gegadhang/Nyuwun reksa sarta rahayuning pati/Gesang lana ing Swarga//
4. SUrup sampun Sang Pratanggapati/PARanira angslup cakrawala/NYOba dadi panglimbangé/PUruké ora wurung/TRAbasira kala dumadi/MARma tan perlu ringga/TObata keduwung/SAmangsa-mangsa tan nduga/PARanira mung bali asalirèki/JOmbla tan bakal bisa//
Sor Blimbing, 28062020 Ki Sandinama