Kidung Kesungkur

0
307 views
Ilustrasi: (Ist)

Pangkur

Sekar Pangkuré jinarwa/
Sampun mungkur kepungkur kalanèki/
Kathah tandha-tandhanipun/
Wiwité purnakarya/
Haywa kejot nèng madyaning brayat agung/
Dadi sesamining warga/
Tan na drajat pangkat yekti//

Kalenggahan kang tinilar/
Resikana dimèn angganda wangi/
Supaya tan nilar kisruh/
Lila sarta legawa/
Samubarang padhang srah panampinipun/
Kanggo kang bakal gumantya/
Murih nilar barang becik//

Aja nganti kedadéyan/
Lèngsèr saking saking kalenggahannya nguni/
Binuru prekara kukum/
Nggugu karsa priyangga/
Kalanira nganggo wewenangipun/
Murang sarak lan anerak/
Tumindak kang nglelingsemi//

Sampun kathah tuladhanya/
Pra punggawa sarta kang mengku nagri/
Nyenyangkut pradata kukum/
Malah dadi pidana/
Kang tan laras janji lan kanyatanipun
Nèng ngarepé kawulanya/
Wusana kawiyak wadi//

Iki pitutur wong tuwa/
Marginipun nuju Swarga pinanci/
Rumpil penuh lika-liku/
Kinepung goragodha/
Alumawah supiyah amarahipun/
Iku sumbering brahala/
Keblinger anggunggung dhiri//

Kondur nèng madyaning brayat/
Angampingi garwa putu lan siwi/
Luwih mirunggan saèstu/
Madyaning masyarakat/
Anyengkuyung ombyaking bebrayan agung/
Memangun patembayatan/
Yuswa sepuh saya adi//

Yuswa ingkang saya tuwa/
Hanebihi tumindak kang tan becik/
Sinawang anak lan putu/
Dadya tepa tuladha/
Aja nganti tumpang suh laku lan tembung/
Iki mung pitutur kuna/
Aji dhiri medal lathi//

Myang sanubari eningna/
Wangsulana pitakon siji iki/
Bakal menyang ngendi bésuk/
Bali mring sangkan paran/
Rila nilar rila tinilar satuhu/
Nut laku jantraning kala/
Sawéga sawanci-wanci//

Pamintamba SUmundhula/
Ngarsanta mrih pana PARaning urip/
Datan kendhat NYObi sujud/
Punika ANtepira/
Saged nulad para suci TONtonipun/
Awit saking NIlakrama/
Ngluri ngudi USada di//

Sumber Inspirasi;
Prastawa korupsi Ngayogyakarta
Sor Blimbing, 05062022
Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here