Panglimbang
dipun lelimbang saking Injil Santo Matius 5:1-12: Sabda rahayu
Tembang Pucung
Wong kang sekeng ing ngarsaning Mahaluhur
Bakal dadi umat
ana ing Kratoning Gusti
Tansah kayoman dening Hyang Mahakwasa
Wong prihatin bakale antuk panglipur
dening Gusti Allah,
Wong andhap asor ing budi
Warisane bumi bakale katampa
Bakal nampa lan kaparingan rahayu
Wong luwe lan ngelak
marang bebener seyekti
Kawaregan lan kacukupan katampa
Bakal nampa lan kaparingan rahayu
Wong kang duwe welas
marang pepadhaning urip
Piwelasing Allah minangka nugraha
Bakal nampa lan kaparingan rahayu
Saka Gusti Allah
Wong kang nduwe ati suci
Bakal sumurup Allah pepadhanging nala
Bakal nampa lan kaparingan rahayu
Asok katentreman
ngudi karukunan urip
Kasebut para putra
Allah pinurba
Bakal nampa lan kaparingan rahayu
Krana kautaman
Ngrungkepi bebener urip
Sanadyan dianiaya antuk swarga
Bakal nampa lan kaparingan rahayu
Krana Asma Allah
Diwewada jroning urip
Dipitenah lan uga dianiaya
Suka rena krana gedhe ganjaranmu
Ganjaran ing swarga
Emba kaya para nabi
Para nabi ngalami dianiaya
——————-
Renungan dari Injil Santo Matius 5:1-12: Sabda bahagia
Menerima kebahagiaan
Orang yang miskin di hadapan Allah
akan menjadi umat Kerajaan Allah
Senantiasa ada dalam perlindungan Hyang Mahakuasa
Menerima kebahagiaan
Orang berduka cita akan menerima penghiburan
Orang rendah hati akan memiliki bumi
Menerima kebahagiaan
bagi orang yang lapar dan haus
akan kebenaran
Karena mereka akan dipuaskan
Menerima kebahagiaan
Bagi orang yang memiliki belas kasih
karena mereka akan menerima belas kasih dari Allah
Menerima kebahagiaan
dari Allah
Bagi mereka yang suci hati
karena akan melihat Allah Sang Penerang Ilahi
Menerima kebahagiaan
Bagi yang suka damai
Mengupayakan kerukunan
karena akan disebut anak-anak Allah
Menerima kebahagiaan
karena keutamaan
menjaga kebenaran dalam hidup
meskipun dalam penganiayaan akan memperoleh Kerajaan Sorga
Menerima kebahagiaan
karena Nama Allah
dicela, dianiaya dan difitnah segala hal yang jahat
Bersukacitah karena karuniamu di surga
seperti halnya para nabi
yang telah mengalami penganiayaan sebelum kamu.