Dhandhanggula
- Amemanis Sabda Gusti iki
Pituturku sanyata mring sira/
Kepiyé wong wuta kaé/
Anggone bisa nuntun/
Sesaminé kang wuta ugi/
Bisa nyemplung luwangan/
Sarta murid iku/
Tan ngluwihi gurunira/
Kejaba kang buntas pasinaonèki/
Sami lan gurunira//
2. Balok gedhé tan katingal yekti/
Susup alit ing mripat sasama/
Sira cetha panduluné/
Kadiparan kandhamu/
Bisa mbuwang susup sesami/
Baloké ilangana/
Kang manjing mripatmu/
Mengko mesthi balal gampang/
Ngilangaké susuk kang satuhu cilik/
Saka mripating liyan//
3. Wit kang becik bakal uwoh becik/
Woh kang becik tan saka wit ala/
Wit ketitik saka wohé/
Onak ri tan woh anggur/
Wong kang mursid atiné becik/
Wong ala dur angkara/
Awit manahipun/
Isinipun sarwa ala/
Ajining dhiri saking kedaling lathi/
Punika Sabda-Nira//
Kapirit saking Lukas 6:39-45
Waosan Injil Minggu, 3 Maret 2019
Sor Blimbing, 25022019
Ki Sandinama