Pangkur
- Purna wungu saking séda/
- Gusti Yésus ngetingal mring pra murid/
- Tibérias gisikipun/
- Iku kang sami kempal/
- Simon Pétrus sartané Thomas Didimus/
- Natanaèl saking Kana/
- Zébédéus putranèki//
- Murid Dalem kalih uga/
- 2. Pétrus arsa misaya mina malih/
- Datan kari sanèsipun/
- Niyaté bebarengan/
- Kang dumados mina boten saged antuk/
- Nalikané byar rahina/
- Gusti jumeneng nèng gisik//
- Para murid boten pana/
- Sanalika ngandika Dalem Gusti/
- Apa sira duwé lawuh/
- Aturira tan ana/
- Ndang uncalna jala satengening prahu/
- Jala dijèrèng dènuncal/
- Mina tan kaétang yekti//
Dhandhanggula
- Tinarbuka panduluné murid/
- Ingkang rawuh Gusti Yésus nyata/
- Pétrus njupuk sandhangané/
- Sigra myang tlaga nyemplung/
- Sanèsipun sami nututi/
- Tinarik jalanira/
- Satus seket telu/
- Kathahipun ulamira/
- Jala kiyat tetep bakoh kukoh yekti/
- Premanem para siswa//
- 2. Datan wonten kang tetanya wani/
- Gusti rawuh madyèng para siswa/
- Gya Gusti mundhut rotiné/
- Tan kantun ulamipun/
- Kang katelu angetingali/
- Sawuse wungu-Nira/
- Madyaning kang surut/
- Sasampunipun sarapan/
- Simon Petrus gya kadangu Yésus Gusti/
- Apa trena mring Ingwang//
- 3. Luwih gedhé timbang liyanèki/
- Simon Pétrus atur wangsulannya/
- Satuhu ageng tresnané/
- Dhawuh Dalem Sri Yésus/
- Dadya pangon myang ménda Mami/
- Mekaten kaping tiga/
- Pangandikanipun/
- Sanyata pitutur Ingwang/
- Nalikané kowé taruna ing nguni/
- Merdika lakunira//
- 4.Lamun sira yèn wus tuwa yekti/
- Tanganira pan bakal kabanda/
- Ginawa dudu karepé/
- Mekaten Sabdanipun/
- Tumrap Pétrus kanggé ing benjing/
- Mungkasi gesangira/
- Kala lénanipun/
- Kagem Kamulyaning Allah/
- Hamungkasi pangandika Dalem Gusti/
- Ayo ndhèrèka Ingwang//
- Kapirit saking Injil Yohanes 21: 1-19
- Waosan Misa Minggu, 05 Mei 2019
- Ki Sandinama