Home BERITA Kidung Perusuh

Kidung Perusuh

0
Ilustrasi - Demo rusuh by Indozone

Gambuh

Campuh lan durung jumbuh/
Paugeran cipta karyanipun/
Mahanani dahuru kanan lan kering/
Saya tambah seling surup/
Dadiné kisruh padudon//

Émané caranipun/
Ngarubiru balilu lan wuru/
Tan angétang tundhonira yèn berdondi/
Wong cilik sangsaya buntung/
Sinten ingkang badhé nggantos//

Ana rembug dirembug/
Akèh cara ingkang luwih santun/
Ora rusuh dadi dredah aja nganti/
Langkung kathah tunanipun/
Mung gawé kekesing raos//

Andelmu waton rubung/
Tontonen corona durung rampung/
Suprandéné nékadmu kepati-pati/
Paran apa wus kokétung/
Nyoba semèleh ing batos//

Sor Blimbing, 08102020
Ki Sandinama

NO COMMENTS

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here

Exit mobile version