
Dhandhanggula
Mrih sarkara wulan Ruwah iki/
Garwa putra wayah sanak kadang/
Samya sareng amemulé/
Kanggo kang sampun surut/
Paringana Swarga pinanci/
Lana ing salaminya/
Lan paring pangèstu/
Dimèn kang maksih ing donya/
Murih saged mendhem jero mikul ingggil/
Ngèstu pada Hyang Suksma//
Adat Jawi wiwit duk ing nguni/
Sujarah myang pesaréanira/
Reresik petilasané/
Sarta sekar sinawur/
Pralambangé ingkang kaèksi/
Arumé kang puspita/
Kados donganipun/
Mumbul Ngarsa Hyang Ma Nasa/
Atenapi nyuwun berkah dalem Gusti/
Mrih nir sakara-kara//
Sor Blimbing, 20022025
Anton Suparnjo
PS: Keterangan foto tentang Romo Ignatius Fajar Kristianto Pr memimpin Perayaan Ekaristi di Lingkungan Santa Maria Gereja St. Yusuf Pekerja Paroki Gondangwinangun Klaten. Terjadi di Bulan Ruwah pas masa sadranan 2024 di Makam Mas Putih Mas Kembar Plawikan, Kecamatan Jogonalan, Klaten. Umat Katolik mendoakan arwah saudara dan para leluhur yang telah dipanggil Tuhan dalam tradisi sadranan.