S I N O M
- Duk ing nguni pra taruna/
Nusantara tan nyawiji/
Ana kang aran Jong Java/
Jong Ambon Selebes ugi/
Jong Sumatra tan kari/
Taksih kathah sanèsipun/
Rumangsa yèn binelah/
Nuli tékad séka kapti/
Lah punika bibité Sumpah Pemuda// - Lajengé sami prasapa/
Sa-Nusantara nagari/
Tunggal nusa sarta bangsa/
Tanapi basanirèki/
Indonesia siji/
Oktober ping wolulikur/
Dhité Cemengan rinya/
Suryasengkalanirèki/
Hamangesthi mandeng wadana sajuga// (1928) - Praptèng mangkin laminira/
Sangangdasa stunggal warsi/
Sumpahé para taruna/
Punapa sampun nyawiji/
Salumah Nusantari/
Géné taksih rebut dhucung/
Nggugu karsa priyangga/
Tan mikir kawulanèki/
Yèn tandhinga nganggoa cara satriya// - ANtepé Ki Sandinama/
TONtonira jaman nguni/
SUpaya ora kélangan/
PARandéné datan gampil/
NYObi sagaduk mami/
BOdho tur karoban cubluk/
CAHyanira tan ana/
DÉ seratané tan aji/
SAged kula namung nyuwun pangaksama//
Ki Sandinama,
Sorblimbing, Tumpak Jenar, 19102019